Senin, 06 Agustus 2012

Tugas Mandiri


BANDUNG BANDAWASA
Tugas Kelas VIII
 
Kacarita Prabu Damarmaya dalah ingkang garwa Dewi Candrawati, ratu wicaksana berbudi bawaleksana. Para kawulane tansah sumuyud, sumanggem lan sumadya samubarang karya.
Nuju ing dina pasewakan pepak nayakaning praja, ketekan tamu kang tanpa kanyana. Kaget Sang Prabu mulat tamune, ing batin ngunandika: Sapa baya tamu iki. Nitik sandhang panggone dudu kawula lumrah, nanging polatane nuduhke wewatekane kang kasar ngongasake kasudibyane.
“ He, Kisanak, sapa baya aranmu, saka ngendi, lan ngemu karep apa dene teka ing paseban,” mangkono ngendikane Sang Prabu bareng wis satata lungguh.
“Jenengku Prabu Gupala saka negara Wanasegara. Tekaku ing Pengging kene ngemu karep nedya ngudan – udan sore marang Dyah Ayu Dewi Candrawati.”
Dheg! Dhadane Prabu Damarmaya rasane kaya kebledhosan bom sewu, nganti sawetara ora kewetu ngendikane.
“Piye sang Prabu? Candrawati dadi garwaku. Dadi Prameswari ing Wanasegara sugih bandha bandhu, dhasar ratune sekti ora tedhas pluru,” sambunge Prabu Gupala ora sabar karo lakak – lakak.
“Hem...Prabu Gupala, ngertia yen Dewi Candrawati iku garwaku, malah saiki wis nggarbini.”
“Ah! Kapan olehe dadi nganten aku ora nekseni lan ora ngesahake. Mula senajan wis meteng, aku tetep gelem nampa wong ayu kuwi. Dene yen ora entuk, arep dakgawe karang abang. Pengging sakbyuki bathang sayuta.”
Sang Prabu Damarmaya entek kesabarane menyat ngendika semu duka.
“We, lha dudu karepe dhewe iki. Prabu Gupala pranyata murang tata. Bebasan sadumuk bathuk senyari bumi takbelani tekaning pati. Prabu Gupala aja ngatonake lanang dhewe. Entenana blabar kawat yen pancen nantang pati.”
Prabu Gupala metu, sumusul prajurit Wanasegara sing wis siyaga ing njaban kraton. Sang Prabu Darmayanaparing prentah marang rekyana patih supaya enggal siyaga gelar sepapan ngadhepi prajurit Wanasegara. Bubar paring wangsit marang ingkang garwa banjur budhalan.
Kocap anggone padha peperangan durung ana tandha – tandha sing kalah utawa menang. Dewi Candrawati kang ana kedhaton nglairake jabang bayi kakung. Para emban ora ana sing kuat mbopong marga saka abot banget. Eling wangsite kakunge, Dewi Candrawati nggendhong putrane kang nedya disusulke ramane ing palagan. Tekane tinampa sang Prabu Damarmaya kanthi gembiraning galih, kang banjur maringi asma “Bandung”.
“He Bandung, kowe mbesuk bakal dadi satriya pinujul,” ngendikane karo mbopong putrane. Nanging sepira kagete, bareng Bandung ilang musna saka astane. Prabu Damarmaya kekarone padha tangisan nggetuni. Wiwit kuwi Prabu Damarmaya ngumumake marang para kawulane aja nganti nyawung bayi.
Prabu Gupala ngguyu lakak – lakak bisa ngrebut bayi saka mungsuhe tanpa kaweruhan.
“Yen bayi iki mati, Damarmaya tansah nggetuni. Akhire perange mesthi kalah. Yoh aja takon dosamu.”
Badung dicandhak sikile loro pisan, disabetake ing watu, pres! Njur dibanting, breg!
“Modar kowe Bandung, sedhela engkas bapakmu nusul,” pambengkone karo malang kadhak.
Sepira kagete Prabu Gupala weruh bayi tetep wutuh, malah ngguyu kaya dililing.prabu Gupala ngambali maneh bayi dibanting marambah. Anehe saben dibanting, awake Bandung saya mundhak gedhene.
Meruhi kahanan kaya ngono Prabu Gupala tansaya muntabnesune. Sedyane bayi arep diuntal ben mati digawe jamu awakke. Saka rumangsane Prabu Gupala, Bandung wis dadi jamu. Nanging wektu iku Bandung disaut utusane Dewa kang banjur makayangan.
Ana ing kayangan malah kaparingan aji jaya kawijayan dening para Dewa. Jenenge diimbuhi Bandawasa kadhawuhan mulih menyang Pengging ngadhep wong tuwane.
“Bocah bagus, sapa sejatine sira iku, saka ngendi lan ana karep apa?” Bandung Bandawasa kaget, ora ngira yen ramane kaya ngono. Mula semu gragapan matur kanthi sumungkem.
“Kula Bandung Bandawasa, putranipun Kanjeng Rama Prabu Damarmaya kaliyan Ibu Candrawati ing Pengging.”Prabu Damarmaya ndomblong karo mirsani garwane. Eling nalika semana nate kagungan putra kang wis musna. Dene saiki ana bocah enom ngaku putrane. Apa iya apa dudu dadi emeng penggalihe.
“Bandung Bandawasa, nalika semana aku nate duwe putra, nanging musna saka astaku nalika dakbopong. Ewasemono aja sumelang. Lamun bisa nyirep peperangan iki kanthi mikut Prabu Gupala ateges sira putraku. Nanging yen ora bisa, sira sun pratapi paukuman pati.”
Bandung Bandawasa sumanggem banjur budhal kanth nyuwun pangestu. Gancaring crita Bandung Bandawasa klakon adhep – adhepan lawan Prabu Gupala.
“Heh, Bocah Bagus luwih becik muliha. Bapakmu ora bisa ngalahke aja maneh kowe.”
“Nanging aku kecongah mateni kowe kang wis gawe rusake Pengging.”
“o, Ho – babo. Iki wong dhugdeng samaladheng. Dibodhem mendat ditumbak mlenthong. Apa maneh Badung, takremet dadi glepung.”
Durung meneng olehe kumecap tangane kiwa kumlawe njotos pilingan. Sing jotos endha, trengginas tangan tengen nylonong pener irung karo sikil ndugang. Bandung Bandawasa mundur sejangkah, tangane nothok polok. Swarane kaya mbanting bathok. Prabu Gupala pringisan rumangsa disepelekake.
Prabu Gupala oleh kalodhangan, sikile tengen ndugang lempeng sakayange. Kedadak sikil kiwa kepleset. Luput panendhange, Prabu Gupala tiba krengkengan. Panggonan iku katelah Desa Watu Lunyu.
Prabu Gupala mundur, Bandung Bandawasa kejeglong in jugangan. Kang banjur katelah desa Jeglong.
Prabu Gupala kena diruket, banjur keket padha bantingan. Nanging Prabu Gupala kalah rosa, kena didengkek, nganti sambat ngaru ara, nangis. Eluhe netes lemah banjur dadi kali, ara kali Dengkeng.
Tangane Prabu Gupala diunter nganti tugel, dibuwang ngalor tekan Jepara. Mula wong Jepara baud ngukir.
Sirahe Prabu Gupala dibanting pecah, polone dibuwang ngidul dadi gunung kapur.
Bandung Bandawasa sing bisa mateni Prabu Gupala bablas menyang Kraton Wanasegara. Tujuwane arep ngrusak Kraton, nanging bareng weruh wanodya atine gunjing. Kanepsone lerem malih dadi kesengsem marang kasulistyane Gandrung – Gandrung kapiluyu, ora sida ngrusak nanging arep nggarwa marang wanodya ayu.
“Ee, Nini Sulistya sapa jenengmu?” panyapane Bandung Bandawasa semu kaku.
“Aku Rara Jonggrang adine Prabu Gupala sing ngganti panguwasa sajrone Kakang Gupala ngayahi peperangan.”
“Ngertiya yen kakangmu wis mati ing Palagan. Mula kowe wae tak boyong menyang pengging pinangka dadi garwaku.”
“Aja keladuk pangucap, aku iki dudu wanita murahan.”
Krungu wangsulan sengak, Bandung Bandawasa ora nesu, nanging tetep ngrerepa murih gelema dadi garwane. Nadyan njaluk apa bakal dituruti.
“Bandung, aku gelem kokpek angger bisa mundhutake anting – antingku sing kecemplung sumur.”
Entuk wangsulan kaya ngono, ora ngira marang paekaning liyan Bandung nyaguhi tanpa nalar lan petung. Amung ngeboti katresnan Bandung Bandawasa klakon nyemplung sumur nggoleki anting – anting kang sanyatane ora ana. Malah sumure diurug saka dhuwur.
Bandung Bandawasa ngara yen dipaeka, age – age gawe trowongan  kanggo dalan metu, supaya ora mati kurugan. Trowongan njedhul Parangtritis, guwa sing kangge metu diarani Guwa Langse.
Bandung Bandawasa mara maneh menyang Wanasegara. Rara Jonggrang kaget lan geter. Kanggo nutupi rasa getere nuduhake ulat manis lan kewetu tembunge mancing.
“O, Kakang, pancen wis dadi pasthine aku dadi garwamu. Nanging aja ketanggungan olehe dadi satriya pinujul. Aku nyuwun digawekake candhi sewu cacahe sing digawe sajroning sewengi.”
Krungu tembung kang luwes lan manis sakala tuwuh maneh lan wuwuh tresnane, mula disaguhi. Wiwit wangslupe srengenge, Bandung Bandawasa semadi nyenyuwun marang Dewa supaya jin setan periprayangan padha rerewang. Rame swarane wong gegawean nanging ora katon wujude sing gawe. Ngerti – ngerti dadi ana wewujudan candhi.
Rara Jonggrang atine goreh, rumangsa kejodheran anggone laku goroh. Kang mangka penjaluke iku sejatining srana nolak alus. Tuwuh panemune Rara Jonggang kanggo njugarake pakaryan, Rara Jonggrang mrentahake para nonoman wadon padha nyapu latar senajan isih durung parak esuk. Sedhela wae wis rame swarane wong nyapu kesusul jago kluruk sesautan amarga kegurahan. Badhar semadine Bandung, mangka candhi lagi dadi 999. Mula bareng Rara Jonggrang nambong kewetu sabdane.
“Rara Jonggrang, ayumu kepara angel tandhingane. Nanging, bebudenmu ora becik. Kanggo nuruti penjalukmu genepe candhi sewu, sing siji kowe dhewe!”
Kena sabdane Bandung Bandawasa sanalika Roro Jonggrang malih dadi reca aran Candhi Rara Jonggrang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar