Sandhiwara utawi
tonil yaiku pagelaran kanti lelakon. Bab – bab ingkang mbangun wutuhing
sandiwara utawa kaprah sinebut unsur – unsur intrinsik kasebut kaprasajakake
kanthi ringkes – ringkes mangkene.
a. Underan (tema)
Sandhiwara
kasebut gepok senggil karo babagan apa; ekonomi, sosial, seni budaya,
teknologi, lan liya liyane kang kena kagarba migunakake tetembungan kang
prayoga.
b. Paraga lan watake
Paraga
kena njlentrejhake mungguh sapa wae kang dicritakake ing sandiwara kasebut. Ana
paraga kang dadi tuk sumbering lakon utawa paragatama (protagonist), lan ana
paraga paraga kang nyengkuyung paraga sakloron (tritagonis).
c. Latar (Setting)
Latar
sing dikarepake kapan lan ana ing ngendi crita mau kedadean.
d. Plot
Plot
nerangke mungguh kapriye lakuning crita.
e. Amanat
Amanat
yaiku piwulang kang kajupuk saka critane.
Istilah – Istilah Sajroning
Drama
1. Sutradara :
kang mimpin lakune drama
2. Assisten Sutradara : kang mbiyantu sutradara
3. Roll :
gulungan naskah utawa teks
4. Sinopsis :
ringkesaning carita
5. Dhiyalog :
guneming paraga
6. Monolog :
gunem ijen
7. Prolog :
purwakaning sandiwara
8. Audience :
sing padha nonton
9. Stage :
panggung
10. Sound :
tata swara
11. Lighting :
tata lampu
12. Figuran :
paraga geganep
13. Mimik :
mobah mosiking polatan
14. Gesture :
mobah mosiking minangka sasmita
15. Blocking :
kahanan kang ngaling – alingi paraga liya
16. Skenario : naskahing sandiwara
17. Flash back :
mlaku mundur lakuning crita
18. Setting : cara panataning papan
kanggo nggelar lakon
19. Overture : musik minangka purwaning lakon
20. Show : tontonan mardika
21. Montase : iguh pratikel anggone mranata
22. Stage : pangwasaning panggung
manager
23. Plot : lakuning crita, alur
24. Konflik : pasulayaning gagasan
paraga siji lan paraga liyane
25. Improvisasi : mobah mosik dadakan manut kondhisi
lan situwasi
26. Paraga :paraga utama,
pangudhar gagasan protagonis.
27. Paraga antagonis : paraga pepalanging paraga protagonis
28. Paraga tritagonis : paraga panengah antarane protagonis lan antagonis/ paraga
pambiyantu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar