Selasa, 07 Agustus 2012

Basa Jawa


UNSUR INTRINSIK LEGENDA

1.    Paraga Utama
Paraga sing nduweni sesambungan karo kedadean crita sing paling akeh.

2.    Paraga Tambahan
Paraga sing kanggo geganep crita utawa paraga sing arang – arang sesambungan karokedadean crita.

3.    Paraga Protagonis
Paraga sing pakartine utama.

4.    Paraga Antagonis
Paraga sing pakartine ala.

5.    Alur
Urut – urutane kedadean sing ana ing crita, alur ana sing maju, mundur lan campuran.

6.    Latar panggonan
Samubarang sing nggambarake papan kedadean crita. Tuladha: Ing Alas, Ing desa, ing omah, lsp

7.    Latar wektu
Wektu sing nggambarake kedadean iku dumadi. Tuladha : biyen, dhek semana, jam, dina, sasi, lsp.

8.    Tema
Bakune crita utawa bab sing wigati utawa sing akeh karembug ing crita.

9.    Watake paraga
Sipat – sipat kang diduweni saben paraga ing crita.

10. Amanat
Pesan moral utawa piwulang becik saka crita

Tidak ada komentar:

Posting Komentar