Selasa, 28 Agustus 2012

Purwakanthi


PURWAKANTHI
Tembung purwa ateges ngarep, wiwitan. Tembung kanthi ateges gandheng. Dadi purwakanthi ateges gandhenge swara mburi karo swara kang wis kacetha ing ngarep. Purwakanthi kagolong dadi 3 werna :
1.        Purwakanthi swara
Tinemu rujuking swara/ vokal antarane swara siji lan sijine.
Tuladha:
a.      Sing sapa kepengin luhur, kudu jujur.
b.      Ora susah eman, mundhak ora kedhuman.
c.        Gemi satiti ngati – ati.
d.      Ora uwur ora sembur.
e.       Yen kepengin kajen, aja dahwen, panasten, lan open.
2.       Purwakanthi sastra.
Tinemu rujuking sastrane konsonane.
Tuladha:
a.      Pak Kreta tuku kretu liwat kreteg Kretasana.
b.      Kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling.
c.        Tindak tanduke sarwa ririh angarah – arah.
d.      Watak wantune wanita tama, tata, titi, tlaten, tunemen.
e.       Watak gumedhe agawe roganing angga.
3.       Purwakanthi Lumaksita/ basa
Tembung lumaksita ateges lumaku, tembung – tembunge/ ukarane mburi runtut karo tembung – tembung ngarepe. Runtute tembung ora mesthi satembung wutuh kadhang kala mung saperangan utawa sawandha bae.
Tuladha:
a.      Amrin bisa, bisa maca, maca sastra, sastra jawa.
b.      Tanggal siji jiman tholo, lobak lopis, pista raja, raja bagus.
c.        Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
d.      Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar