Selasa, 28 Agustus 2012

Tembung Saroja Lan Tembung Entar


TEMBUNG SAROJA LAN TEMBUNG ENTAR
Tembung saroja yaiku tembung kang kedadeyan saka tembung loro tegese padha/meh padha dienggo bebarengan.

Tuladha:
1.     Paseduluran katon guyub rukun
2.     Yen ana bot repote aja pisan – pisan sambat aku
3.     Raden Gatut kaca iku satriya Sekti mandraguna
4.     Lungguha kang becik aja jejel riyel mangkono kuwi
5.     Iki wadi temenan suket godhong aja nganti krungu.

Tembung Entar yaiku tembung silihan, tembung kang tegese ora sak lugune.

Tuladha:
1.     Bapak direwangi adus kringet, anake mung nggegem tangan.
Adus kringet               : nyambut gawe rekasa
Nggegem tangan          : wegah nyambut gawe
2.     Omonganmu kuwi pancen ngabangake kuping tenan.
Ngabangake kuping      : gawe nesu
3.     Pancen Ndari kuwi Tipis lambene, ora bisa meneng.
Tipis lambene              : criwis, crewet

1 komentar: