Selasa, 28 Agustus 2012

Tembung Rangkep


Tembung rangkep bisa keperang dadi pirang – pirang werna yaiku:
1.     Dwilingga        : bocah – bocah, ibu – ibu, murid – murid.
2.    Dwilingga salin swara
a.    Salin swara ngarep                     : mirang – miring (miring), lunggah – lungguh (lungguh), mubang mubeng (mubeng)
b.    Salin swara mburi                       : pindhah pindhah, tindaak tindek
c.    Salin swara ngarep mburi          : mongan mengen, linggah linggeh
3.    Dwipurwa        : tetuku, sesaji, lelara
4.    Dwiwasana      : cekakak, cekiki, jelalat.

Tembung Pitakonan


TEMBUNG PITAKONAN

1.    Apa, yaiku nakokake samubarang lumrahe tembung aran.
2.    Sapa, yaiku nakokake paraga bisa manungsa, kewan, utawa tetuwuhan sing diembakake kaya menungsa.
3.    Kapan, yaiku kanggi nakokake wektu kedadean sing dikarepake.
4.    Kepriye, yaiku kanggo nakokake kaanan.
5.    Pira,yaiku kanggo nakokake cacah utawa jumlah.
6.    Genea, yaiku kanggo nakokake papan utawa jalaran.
7.    Endi, yaiku kanggo nakokake papan utawa panggonan samubarang sing dikarepake.
8.    Ngapa, yaiku padha karo genea.

Unggah Ungguh Basa


1.        Basa krama alus
a.       Tandha – tandhanipun krama alus:
·         Tembung krama kacampuran krama inggil.
·         Ater – ater lan panambang dipun kramakaken.
·         Tembung aku dados kula, tembung kowe dados panjenengan.
b.      Kang ngginakake
·         Murid dhumateng guru
·         Anak dhumateng tiyang sepuh
·         Tiyang enem dhumateng tiyang sepuh amargi ngajeni
·         Abdi dhumateng bendaranipun.
c.       Tuladha
·         Bu, Bapak punapa sampun wungu?
·         Pak guru, kula kepareng nyuwun pirsa, ulanganipun tanggal pinten?
2.       Basa ngoko alus
a.       Tandha – tandhanipun basa ngoko alus
·         Tembung ngoko kecampuran krama inggil
·         Ater – ater lan panambang boten dipun kramakaken (ngoko)
·         Tembung kowe dados panjenengan.
b.      Kang ngginakake
·         Tiyang sepuh dhateng tiyang enem ingkang perlu diajeni.
·         Ibu dhateng bapak ing dalem.
c.       Tuladha
·         Nak Parmo, panjenengan yen kondur saka kantor jam pira?
·         Pak, wis dakgawekke unjukkan dakaturi ngunjuk!
·         Sih, apa ibumu wis rawuh?

Purwakanthi


PURWAKANTHI
Tembung purwa ateges ngarep, wiwitan. Tembung kanthi ateges gandheng. Dadi purwakanthi ateges gandhenge swara mburi karo swara kang wis kacetha ing ngarep. Purwakanthi kagolong dadi 3 werna :
1.        Purwakanthi swara
Tinemu rujuking swara/ vokal antarane swara siji lan sijine.
Tuladha:
a.      Sing sapa kepengin luhur, kudu jujur.
b.      Ora susah eman, mundhak ora kedhuman.
c.        Gemi satiti ngati – ati.
d.      Ora uwur ora sembur.
e.       Yen kepengin kajen, aja dahwen, panasten, lan open.
2.       Purwakanthi sastra.
Tinemu rujuking sastrane konsonane.
Tuladha:
a.      Pak Kreta tuku kretu liwat kreteg Kretasana.
b.      Kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling.
c.        Tindak tanduke sarwa ririh angarah – arah.
d.      Watak wantune wanita tama, tata, titi, tlaten, tunemen.
e.       Watak gumedhe agawe roganing angga.
3.       Purwakanthi Lumaksita/ basa
Tembung lumaksita ateges lumaku, tembung – tembunge/ ukarane mburi runtut karo tembung – tembung ngarepe. Runtute tembung ora mesthi satembung wutuh kadhang kala mung saperangan utawa sawandha bae.
Tuladha:
a.      Amrin bisa, bisa maca, maca sastra, sastra jawa.
b.      Tanggal siji jiman tholo, lobak lopis, pista raja, raja bagus.
c.        Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
d.      Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.