a. Rimbag bawa “ma”
Yaiku tembung kang oleh seselan “um”
Tuladha :
·
Sandhing +
(um) = sumandhing
·
Degan + (um) = dumegan
·
Gantung +
(um) = gumantung
b. Rimbag tanggap “na”
Rimbag tanggap “na” yaiku tembung lingga oleh seselan
“in”
·
Tulis + (in) = Tinulis
·
Jupuk +
(in) = jinupuk
·
Jambak + (in) = jinambak
Rimbag tanggap na iku kaerang dadi 3, yaiku:
1. Rimbag tanggap na
kriya wantah
Rimbag tanggap na kriya wantah yaiku tembung lingga
kang oleh seselan “in” tanpa oleh panambang.
Tuladha :
·
Tulung + (in) = tinulung
·
Sawang + (in) = sinawang
·
Tuding + (in) = tinuding
2. Rimbag tanggap na
ke – kriya
Yaiku tembung lingga kang oleh seselan “in” lan
panambang “e” utawa “ake”.
Tuladha :
·
Tulis + (in) + (ake) =
tinulisake
·
Sebar + (in) + (ake) =
sinebarake
·
Jupuk + (in) + (ake) =
jinupukake
3. Rimbag tanggap na
i – kriya
Yaiku tembung lingga kang oleh seselan “in” lan
panambang “an”
Tuladha:
·
Payung + (in) + (an) =
pinayungan
·
Gayuh + (in) + (an) =
ginayungan
·
Sepuh + (in) + (an) =
sinepuhan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar