Jumat, 28 September 2012

Parikan


Parikan iku unen – unen kang kawengku paugeran gumathuk, yaiku:
1.      Kadadeyan saka rong gatra.
2.      Gatra sapisan minangka pencokan
3.      Gatra kapindho minangka wose/ isi.
4.      Nggunakake purwakanthi swara.
Tuladha :
1.      Parikan rong gatra pedhotan 4 wanda + 4 wanda.
·         Manuk glathik, dibubuti
Slendhang batik, manas ati.
·         Sore – sore, masuh klambi
Aja kowe, ra tak wehi
·         Ondhe – ondhe, ora legi
Gelung kondhe, merak ati.
2.      Parikan rong gatra pedotan : 4 wanda + 8 wanda
·         Kembang mawar, ganda arum ngambar –ambar
Ati binger, mung yen mentas nampa bayar
·         Wedang bubuk,kemriuk gulane remuk
Watak umuk, akeh wong kang ora rujuk
·         Kembang epring, calumpring tibane miring
Ngolang – ngaling, kepranan sing klambi kuning.
3.      Parikan kedadeyan 4 gatra
·         Elor mendhung, kidul mendhung
Aling – aling godhong jarak
Bapak nundhung, simbok nundhung
Aku dhewe murang sarak
·         Numpak kreta maca koran
Mudhun kreteg nyang warung sate
Aja percaya kertas lapuran
Deleng shisik kasunyatane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar